Jumat, 04 Januari 2013

Ngurmati (Belajar Menghormati)

Urmat: 1. (solah tingkah, lsp) kang dianggo nglairake pangaji-aji; 2. nglairake tanda pangaji-aji.
Diurmati: diajeni kanthi urmat.
Kaurmatan: 1. diurmati; 2. pangaji-aji, panjungga-jungga; 3. ajining diri; ktj. kurmat.
           Ngurmati kalebu tingkah kang nedhahake pangaji-aji utawa ngapiki wong liya kanthi ngresep ing penggalih. Prakteke ing bebrayan ana sing eling, lali (ora njarag) utawa nglalekake (njarag dilalekake). Wong-wong iku satemene ora sadar yen apa sing ditindakake utawa diomongake ngandhut dhuweni biji. Sapa sing biji?... ya wong liya, apa sing dibiji?... ya solah bawa lan tuture mau.
           Coba wacanen crita iki kanggo conto:

           Dina jemuah iki udan ora mudhun saengga langite katon padhang sanajan megane ngumpul kaya kapuk. Bu Mariyem sing biasane ngresiki omah ora teka, amerga dina kemise wis idin ora mangkat, jarene arep plesiran nyang pante Bandengan. Mula Markonah, ponakane juragan duren wis ancang-ancang arep ngrewangi resik-resik daleme Paklike mengko sore. Adate ya nyulaki, nyapu, lan ngepel, ditambah ngasahi yen ana piring-piring sing gembletak ning pawon.
            Jam papat sore kurang limalas menit, sawise ngetikake laporane Bulike ning laptop, Markonah banjur cekat-ceket ngasahi dibacutake nyulaki perabotan sing werna-werna akehe. Ngepasi wektune, jare Bulike arep lunga nyang pasar dhisik tuku gethuk karo iwak, mula ora bisa ngrewangi. kahanane omah sepi, kari wong loro yaiku Markonah lan sedulure wedhok sing isih rolas taun. Sedulure wedok kuwi pancen bocah pinter, nanging sanajan mangkono kalebu bocah kesed gaweyan, amerga ora tau diwarahi karo Ibune.
            Ya...wis...lumrahe Markonah ngresiki omah dhewe, kaya mangkono kuwi wis biasa. Merga nalika tinggal karo ibune ing Semarang wis kulina dadi ora ngresula lan ora kesel. Bubar nyulaki banjur nyandhak sapu, saka njaba tekan manjero disapu, kolong-kolong dirogohi, buku-buku sing pating morat-marit ana kamare sedulure ditatani.
             Rampung anggone nyapu, Markonah ngaso sediluk arep sholat ashar. Anggone ngaso pancen ora suwe, supaya ndang rampung pagaweyane. Trus dibacutake ngepel, kareben jubine kinclong lan mambu wangi mula nganggo So Klin Lantai aroma miracle mint, kamangka ambune kaya minyak rambute wong lanang persis, wernane biru kenthel. Mendingan yen mambune buah jeruk utawa apel ngono, lha pancen anane kuwi, hahahahahahaha
              Pokoke, yen ngepel kanthi digesat-gesut kanthi muni "cit....cit....cit". Ora let suwe, Paklike teka saka Jepara, banjur dheweke mlebu kamar lan nonton tivi, ya mung sing nggetuni iki mlebu karo sepatune sing regane larang kuwi, . Alhamdulillah, jam lima wis rampung, wusanane adus gebyar-gebyur ing kolah sisan nunggu adan magrib.
             Markonah banjur sholat magribe dhewe, yen paklike karo bulike laan anake sholat jamaah. Ning nalika Markonah nglempit rukuhe, paklike ngomong karo rada sengol:
" Mosok sikil teles, napak nang jubin kok mleseti, kakehan sabun!"
"Halah, wis ta...."! Bulike nambahi.
 Atine Markonah nangis tenan, rumangsa kuciwa, mendingan ngono ora usah diresiki omahe.

              Saka crita iku, bisa dijupuk dudutan, yen ngregani lan ngurmati wong liya iku susah, prelu sinau kanthi temen lan dikulinakake. Sanajan sepele ning bisa gawe tatu atine liyan, coba yen kahanan mangkono katimpa awakmu. Kabeh tutur lan omongan iku kudu dijaga, dipikir, lan diati-ati, amerga kita urip karo wong akeh. Mung wong kuwi pribadhine bedha-bedha, ana sing peka, sensitif, nesunan, alusan, srei lsp. Nanggepi omongan sing ning crita mau ya beda-beda, ana sing biasa wae, sedih kaya Markonah uga ana.
               Dadi ngurmati iku angel ta?? ayo padha sinau bebarengan..... Nuwun
       

2 komentar:

  1. Allah mboten nate maringi kesabaran, nanging Allah mesti maringi kasempatan kagem hamba supados sabar. :)

    BalasHapus
  2. Inggih leres punika, mugi-mugi tansah diparingi gancar anggenipun ngayahi pagesangan lan laku prihatin kang mbesuk saged mupangat ing salajengipun. amiiiiiin
    #O'Sadam bahasamu juga bisa mlipit ya hahahaha

    BalasHapus