SAPERANGAN GEGURITAN
Seratan punika awujud karya saking siswa-siswa kelas 7 G ing salah setunggaling SMP wonten ing tlatah Jepara. Pancenipun boten sedaya seratan saged kula lebetaken wonten Blog niki, amergi kathah sanget. Pramila kedhah dipunpilih, mbok menawi wonten kalodhangan malih, benjing badhe kula serat sedaya. Geguritan punika, kasil saking sinau nyerat. Babagan punika jebulipun awrat sanget, siswa kathah ingkang kangelan anggenipun ngandharaken manahipun dados rerangkening tetembungan basa Jawa. Sekedhik baka sekedhik mugi-mugi tansah sae. Amin,
(tulisan ini berupa karya dari siswa-siswa kelas 7 G, salah satu SMP di Jepara. Memang tidak semua tulisan bisa saya masukkan ke blog ini, karena banyak sekali, maka harus dipilih, kalaupun ada kesempatan lagi, besok bisa saya tuliskan semuanya. Puisi ini, hasil dari belajar menulis. Masalahnya ternyata rentan sekali, banyak siswa yang kesusahan mengungkapkan pikiran menjadi untaian kata-kata ke dalam bahasa Jawa. Sedikit demi sedikit nantinya bisa lebih bagus lagi. Amin)
Seratan: Nur Hidayah (B)/ 7 G
WONG PINTER
Yen kepengin dadi wong pinter iku kudu sinau
Wong-wong padha golek elmu sing bener
Yen golek elmu kang ora bener
Iku wong sing rasa-rasa sinau
Yen sinau iku aja padha geger
Yen geger iku ora bisa mlebu
Nanging ana wong padha rasa-rasa sinau
Guruku wis padha menehi panyurung marang murid
Yen murid kepengin pinter
Iku kuncine padha sinau
Seratan: Ahmad Riyansyah/ 7 G
PETANI
Panas-panas nandur pari
Udan-udan kanggo ngopeni pari
Pari iku kanggo kabutuhane kulawarga
Direwangi isuk lan sore kanggo ngopeni pari
Dadi petani iku ora gampang
Yen wayah rendeng pari bisa ora dadi
Akibate kabutuhane manungsa ora imbang
Lan akibate menungsa ora ngrasa makmur
Iku resikone dadi petani
Seratan: M. Khoirul Ghofar/ 7 G
PAK TANI
Owah-owah nandur pari kang suwe
Panas kepanasen
Udan-kudanen
Namung iku kabeh ora diwedeni
Pari bisa diolah dening kita kang aran beras
Jasamu gedhe banget
Matur nuwun Pak Tani
Seratan: Baharudin Yusuf Ali/ 7 G
WONG ANGON
Saben dina aku makani wedhusku
Saben pajar aku nggiring wedhusku
Saben sore nggiring wedhusku ing kandhang
Srengenge padhang ning dhuwurku
Aku ora dhuwe wong tuwa kawit umurku 2 taun
Aku pengen sekolah nanging ora dhuwe dhuwit
Kanca-kanca padha madoni aku
Aku pengen nyekolahna adhiku
Aku dadi punjering kulawarga
Ya... Allah muga-muga adhiku dadi wong sukses....
Amin
Seratan: Nur Faiqoh/ 7 G
IBU
Ibu dudu widadari
nanging kanugrahan
Nularake daya kapinteran ing kulawarga
Nularake welas asih ing bale wisma
Gawe adhem ayem, lan tentrem swasana
Matur nuwun Ibu....
Seratan: Deni Wahyudi/ 7 G
PENGAMEN
Saben dina kowe mlaku ing dalan
Luru dhuwit nganggo mangan kulawargamu
Ngamen saben bis ing bis liya
Ora entuk kesel nanging wis kesel
Jasamu gedhe banget nganggo kulawargamu
Kulawargamu mesti bangga karo kowe...
Seratan: Wisnu Wahyu/ 7 G
WONG KERE
Yen Kepengin dadi wong sugih
Kowe kuwi kudune kerja
Sing sregep...
Yen ora gelem kerja
Ora bisa dadi wong sugih
Yen ora kerja...
Anak lan bojomu arep mangan apa???
Lan anakmu ora bisa sekolah maneh.
Seratan: Tri Ariyanti/ 7 G
KELASKU
Kelasku...
Kelas kang bagus, resik lan apik
Saben dina tak sapu lan tak pel
Meja-meja padha ditata
Tembok kelas dicet werna padhang
Lukisan-lukisan kang apik banget
Angin kang sumilir lewat
Rasane kepenak banget
Gawe atiku adhem tenan
Oh... kelasku....
Seratan: Lailatul Fitiyani/ 7 G
JEPARA
Jepara...
Kowe kutha kang endhah
Kowe bisa disebat kutha ukir
Kutha kang nglairake aku
Lan kowe kutha gedhe
Jepara...
Kowe dhuwe pariwisata kang akeh
Pariwisata pante lan museum
Aku bakal trus eling kuthamu
Lan aku ora bakal bisa nglalekake kuthamu
Seratan: Saiful Bahri/ 7 G
GURU
Guru jasamu gedhe banget
Guru kang ngulang murid tanpa nggresula
Kang saben dina sabar
Kareben muridmu padha pinter
Saben dina murid mangkat esuk
Mengkono iku dikanggokake ngluru elmu
Guru kang setya marang murid
Supaya murid dhuwe rasa semangat
Guru... panjenengan kados dene Ibuku
Kados dene ibu kang ngajari sopan santun
Guru aku tansah seneng marang sliramu
Lan jasamu ora bisa taklalekake
Sabarmu ora bakal tak liwati
Matur nuwun Ibu Guru....
Seratan: Sri Susanti/ 7 G
BEBRAYAN IKU MASYARAKAT
Manungsa urip ing donya iku kudu bisa sasrawungan
Yen karo sapadha kudu apik
karo sadulur ing masyarakat kudu apik
Sakdurunge aku ing masyarakat
kudu ngerti....
Aja seneng sing resek-resek
Supaya yen dingeti apik lan tumata
Aku seneng ing masyarakat
Ing Masyarakat bisa musyawarah
Lan bisa guyub rukun, tulung tinulung
bareng-bareng...
Aku iki kalebu masyarakat

Tidak ada komentar:
Posting Komentar