Minggu, 09 Desember 2012

PITUTUR LUHUR NGILANGI WATAK SREI

PITUTUR LUHUR
Pitutur mujudake wejangan kang dhuwe tujuwan ngowahi lelakune wong urip, sarana pitutur kang adiluhung menehi ruh awujud semangat, ngupaya, ngreget. pitutur luhur srana komunikasi positif ing bebrayan, apa dene yen digayutake karo kahanan jaman saiki, luwih trep yen nganggo pitutur sing becik. Anggone omongan ora kasar, srei utawa nylekit, luwih-luwih nggunakake konotasi. Pitutur iku tuladhane kaya mangkene:
1. Wong berbudhi ora pati ngopeni dhuwit, nanging yen ora ndhuwe dhuwit mesthi butuh.
2. Yen ana wong ora dhemen ing kowe, nanging manis pitembungane, walesen ing tembung manis, naging aja kopercaya.
3. Yen kowe resik, aja susah atimu ditarka nglakoni kaluputan upamakna kowe bagas-kuwarasan diarani lara.
4. Kawruh kang kasimpen iku umpamane mawa kapendhem ing awu, sirnane tanpa pakoleh.
5. Mung manungsa kang pinaringan panguwasa bisa gumuyu mulane iya mung manungsa kang layak digeguyu.
6. Yen kowe ora bisa nglakoni panggawe becik, mung bisa nyingkiri panggawe ala.
7. Diloma, nanging aja ngebreh.
8. Aja nyatur alaning wong kang panuju ora ana.
9. Ati seneng lan mursid iku pepethinganing amal ing alam donya.
10. Banyu kang mambeg, manusa yen nganggur bae, wesi yen dienengake bae, telung prakara iku ora becik dadine, lsp.
Pitutur-pitutur kaya mangkono iku kudu dijinglengi lan dibudidayakake ing satengahing papan, paguyuban utawa negara. Ngajari ora semrawut lan sembrono awit tumindak ala, ning ana amanat kang kasimpen ing satengahing tetembungane iku didadekake ukuran kanggo bebudene salira ngadepi kauripan. Umpamane wong sing ora sabar banjur kobong atine utawa abang kupinge merga keprungu swarane liyan sing nylekit, wekasane kemropok atine dibacutake karo ngece.Mula sikep utawa solah bawa iku kudu dilatih, latihan kang luwih cepet katrima yaiku saka pitutur luhur.