Kamis, 10 Januari 2013

NULIS GEGURITAN BAHASA JAWA

NULIS GEGURITAN

Geguritan satemene padha karo puisi ing basa Indonesia. Pranatane yaiku yen geguritan luwih mardika (bebas) tinimbang tembang.
Geguritan iku wose ngudharake rasa apa ing jero pikir utawa ati (bisa sedih, kuciwa, bungah, tresna, nesu, lsp.) nganggo basa kang endah.
Geguritan miturut etimilogi saka tembung lingga gurit (tulis), dadi yen geguritan yaiku tulisan. Ning tulisan sing kepriye? Tamtune tulisan kang basane pinilih (pilihan).

Periodesasi karya sastra jawa miturut Zoetmulder (1983), kaperang dadi 4:
1. Jawa kuna (kakawin)
2. Jawa pertengahan (kidung)
3. Jawa anyar (tembang)
4. Jawa modern (geguritan)
Dadi geguritan iku kalebu puisi jawa modern lan lumrahe ora ditembangake.
Coba gatekna geguritan ing ngisor iki:

                                 Panulis: Windi Kartika Sakti
               Adol Swara
Badan nira cilik lunglit karana panas
Panase donya kang wis sepuh
Tan ngadoh saka anguk-anguk kubur
Mlaku sajangkah donya bengkah moyag-mayig
Ning ora lingsem
        tanpa kawruh
        tanpa kanca
        tanpa istana impen
        tanpa yayah wibi
Yen ora kleru yayahku bangjo
Yen ora lepat wibiku dhuwit sagenggem
Dhuwit uwose sega, segane putih
Putihe wong paring legawa ing pandum
Yayah Wibi panjengengan ing ngendi?
Apa wis krasa tuwa tuwase?
Jerit ing panguwasa, ning ora katon.
Baskarane wis ora ketara
Wulan kanyut limut
Kadya iku sejatine mung adol swara
Dalanan seksine
dalan sadawane perintis kemerdekaan
Nganti Teuku Umar
         Bocah ora dhuwe jeneng
         Adoh saka eneng
         Tembang agawe buteng
          Si Ngamen arep gumarenggeng.

Nulis kanthi basa kang endah iku bisa ditlateni mawi kasusastran (tembung-tembung saroja tembung garba, purwakanthi, tembung yogyaswara, camboran, cangkriman, wangsalan, lan sapiturute.
Tuladhane:
1. Badannira cilik lunglit karana panas
    panase donya kang wis sepuh
    tulisan geguritan iku mau bisa digawe endah nganggo purwakanthi lumaksita.
2. Badannira cilik lunglit karana panas
    Lunglit (balung kulit) tembung iku nggunakake tembung camboran wancah.

Satemene anggone sinau nulis geguritan iku gampang-gampang angel. Ora prelu golek inspirasi utawa kalodhangan wektu. Ning apa sing dirasakake ing ati bisa ditulis dadi geguritan. Aja wedi salah milih tembunge, luwih dhisik gunakna tembung ngoko sing dimangerteni wong liya lan awake dhewe. Yen wis rampung tuduhna ing kanca, wong tuwa utawa bapak/ibu guru, njaluka pamrayogi / saran lan kritik. Sumangga sesarengan sinau nulis geguritan! :)
                                                                                


Jumat, 04 Januari 2013

Ngurmati (Belajar Menghormati)

Urmat: 1. (solah tingkah, lsp) kang dianggo nglairake pangaji-aji; 2. nglairake tanda pangaji-aji.
Diurmati: diajeni kanthi urmat.
Kaurmatan: 1. diurmati; 2. pangaji-aji, panjungga-jungga; 3. ajining diri; ktj. kurmat.
           Ngurmati kalebu tingkah kang nedhahake pangaji-aji utawa ngapiki wong liya kanthi ngresep ing penggalih. Prakteke ing bebrayan ana sing eling, lali (ora njarag) utawa nglalekake (njarag dilalekake). Wong-wong iku satemene ora sadar yen apa sing ditindakake utawa diomongake ngandhut dhuweni biji. Sapa sing biji?... ya wong liya, apa sing dibiji?... ya solah bawa lan tuture mau.
           Coba wacanen crita iki kanggo conto:

           Dina jemuah iki udan ora mudhun saengga langite katon padhang sanajan megane ngumpul kaya kapuk. Bu Mariyem sing biasane ngresiki omah ora teka, amerga dina kemise wis idin ora mangkat, jarene arep plesiran nyang pante Bandengan. Mula Markonah, ponakane juragan duren wis ancang-ancang arep ngrewangi resik-resik daleme Paklike mengko sore. Adate ya nyulaki, nyapu, lan ngepel, ditambah ngasahi yen ana piring-piring sing gembletak ning pawon.
            Jam papat sore kurang limalas menit, sawise ngetikake laporane Bulike ning laptop, Markonah banjur cekat-ceket ngasahi dibacutake nyulaki perabotan sing werna-werna akehe. Ngepasi wektune, jare Bulike arep lunga nyang pasar dhisik tuku gethuk karo iwak, mula ora bisa ngrewangi. kahanane omah sepi, kari wong loro yaiku Markonah lan sedulure wedhok sing isih rolas taun. Sedulure wedok kuwi pancen bocah pinter, nanging sanajan mangkono kalebu bocah kesed gaweyan, amerga ora tau diwarahi karo Ibune.
            Ya...wis...lumrahe Markonah ngresiki omah dhewe, kaya mangkono kuwi wis biasa. Merga nalika tinggal karo ibune ing Semarang wis kulina dadi ora ngresula lan ora kesel. Bubar nyulaki banjur nyandhak sapu, saka njaba tekan manjero disapu, kolong-kolong dirogohi, buku-buku sing pating morat-marit ana kamare sedulure ditatani.
             Rampung anggone nyapu, Markonah ngaso sediluk arep sholat ashar. Anggone ngaso pancen ora suwe, supaya ndang rampung pagaweyane. Trus dibacutake ngepel, kareben jubine kinclong lan mambu wangi mula nganggo So Klin Lantai aroma miracle mint, kamangka ambune kaya minyak rambute wong lanang persis, wernane biru kenthel. Mendingan yen mambune buah jeruk utawa apel ngono, lha pancen anane kuwi, hahahahahahaha
              Pokoke, yen ngepel kanthi digesat-gesut kanthi muni "cit....cit....cit". Ora let suwe, Paklike teka saka Jepara, banjur dheweke mlebu kamar lan nonton tivi, ya mung sing nggetuni iki mlebu karo sepatune sing regane larang kuwi, . Alhamdulillah, jam lima wis rampung, wusanane adus gebyar-gebyur ing kolah sisan nunggu adan magrib.
             Markonah banjur sholat magribe dhewe, yen paklike karo bulike laan anake sholat jamaah. Ning nalika Markonah nglempit rukuhe, paklike ngomong karo rada sengol:
" Mosok sikil teles, napak nang jubin kok mleseti, kakehan sabun!"
"Halah, wis ta...."! Bulike nambahi.
 Atine Markonah nangis tenan, rumangsa kuciwa, mendingan ngono ora usah diresiki omahe.

              Saka crita iku, bisa dijupuk dudutan, yen ngregani lan ngurmati wong liya iku susah, prelu sinau kanthi temen lan dikulinakake. Sanajan sepele ning bisa gawe tatu atine liyan, coba yen kahanan mangkono katimpa awakmu. Kabeh tutur lan omongan iku kudu dijaga, dipikir, lan diati-ati, amerga kita urip karo wong akeh. Mung wong kuwi pribadhine bedha-bedha, ana sing peka, sensitif, nesunan, alusan, srei lsp. Nanggepi omongan sing ning crita mau ya beda-beda, ana sing biasa wae, sedih kaya Markonah uga ana.
               Dadi ngurmati iku angel ta?? ayo padha sinau bebarengan..... Nuwun
       

Kamis, 03 Januari 2013

Presensi Sidik Jari (Finger Print): Gali Kedisiplinan!

            Finger print (absen sidik jari) yang baru-baru ini digunakan oleh lembaga kedinasan, tentunya harus diapresiasi dengan bijaksana. Hal ini, mengingat bahwa tidak sedikit anggota PNS, baik di pemkot/ kabupaten dan instansi pendidikan bahkan bidang kesehatan, yang dengan bebas melenggang tanpa pengawasan, contoh kasarnya membolos saat jam tugas! Sudah semestinya, mereka (PNS) mengayomi, membimbing dan memberi contoh kepada masyarakat tentang arti kedisiplinan, terutama dalam ranah waktu. Sehingga administrasi mengenai sistem birokrasi dapat berjalan secara lancar.

             Bayangkan saja, ketika anda melihat tayangan berita ditelevisi mengenai kedisiplinan kehadiran rapat para anggota DPR, ternyata masih banyak yang mangkir, pastilah kita akan sangat geram melihatnya. Padalah mereka digaji oleh negara dan  kontribusinya kepada kebijakan akan berpengaruh langsung terhadap rakyat. Oleh karena itu, absen sidik jari juga harus dilaksanakan di kantor pemerintahan lainnya. Prosesnya diharapkan dapat meningkatkan kualitas kerja dan profesionalitas aparatur negara.
             Peraturan sistem absensi dengan finger print juga berdampak pada gaji PNS, perhitungannya ketika datang terlambat atau pulang lebih awal maka dianggap tidak bertugas atau mangkir dari tanggung jawabnya. Sehingga, gaji pada hari tersebut hilang 1%.
             Di Indonesia, penggunaan finger print (absensi sidik jari) di instansi pemerintah tergolong terlambat, pasalnya di kantor-kantor swasta atau perusahaan swasta telah memberlakukan sistem sidik jari sejak tahun 2010 lalu. Akan tetapi, keterlambatan ini, jangan dilarutkan terus menerus dalam masalah. Sekarang waktunya untuk menjadi lebih baik, yang disiplin dialah yang terbaik. Untuk itu, bagi PNS jangan "nggresula" karena komitmen sejak diangkan menjadi PNS harus menjunjung tinggi kredibilitas dan konsistensi.
             Diawal tahun 2013 ini, sistem absensi Finger Print telah diberkalukan serentak di Jepara, diharapkan bagi pemkab Jepara dapat mengawasi/ memonitoring pelaksanaanya. Jadi tidak bangkit kemudian tenggelam lagi. Kuncinya mau atau tidak!
            Semoga pemanfaatan finger print nantinya dapat digunakan di sekolah-sekolah untuk mengetahui bakat dan minat siswa atau di rumah sakit untuk meramal penyakit yang diderita seseorang ditahun mendatang. Sebagai anggota masyarakat kita juga harus tumbuh untuk memajukan bangsa ini dengan kata disiplin bertugas!
             Saran saya, finger print juga diberlakukan di kalangan mahasiswa dan siswa sekolah, dengan begitu mahasiswa ataupun siswa akan ketahuan yang membolos tanpa ada kegiatan guru atau dosen repot-repot mengabsen satu demi satu. Lebih efektif bukan??
             itulah sebabnya fenomena diawal tahun 2013 ini dimaknai dengan semangat kerja!